Monday 4 April 2011

Risalah Awwal

FAS-ALUU AHLADZ- DZIKRI INKUNTUM LAA TA'LAMUUN

Bismillaahirrohmaanirrohiimi.... 

Alhamdulillaahilladzii ja'ala lanaal iimaana wal islaama thoriiqoon ilaiihi wasabiilaan. wa aqooma lanaa 'ala ma'rifatihi burhaanaan waa dlikhaan wa daliilaan. wa ba'atsa ilainaa sayyidanaa Muhammad ibn 'Abdillaahi shollaLLahu 'alaihi wa'alihi wasallama rohmatan lanaa wamutammimaan limakaarimil akhlaaqi warosuulaan. 

Wassholaatu wassalaamu 'ala sayyidil mursaliina sayyidina Muhammadin wa'ala aalihiththoohiriina : wa ashkhaabihil mujaahidiina. maa sabbakha musabbikhun bukrotan wa ashiilaan (amma ba'du) fahaadzihi hiya risaalatun shoghiirotun minal qismatil uula mutarjamati biillughotil jaawiyati fiimaa la budda minhu minal 'aqooidid diiniyyati. watabtuhaa bidzaalika liyas hula khifdluhaa wafahmuhaa litalaamiidzil mu'aahidid diiniyyatil ibtidaaiyyati 'ala thoriiqoti ta'liimi wa ijaazati abiinaas syaikhil 'aalimil 'allaamati walkhabril fahhaamatis syaikhi abii 'ubaidata rohimahuLLaahu ta'aala wanafa'anaabihi wabi'uluumihi wabarokaatihi aamiinas saakini fii giiroini talang tegal jawa tengah. 

Wasammaituhaa ta'liimal mubtadi iina fil 'aqooidil khomsiinallati yajibu ma'rifatuhaa 'ala 'umuumil muslimiina falmas uula minal maula subhaanahu wata'aala an yahdiyanaa liaqwami thoriiqin wayalkhaqonaa bikhoiri fariiqin innahu waliyyul hidaayati wattaufiiqi wama taufiiqi illaa billaahi 'alaihi tawakkaltu wailaihi uniib. almuallifu.

I'lam. weruho siro hai wong mukallaf,, 
Setuhune kewajiban kang wajib ingatase wong akil baligh, iku mlebu ing agama islam sarto netepi ing agama islam salawase,.. olehe mlebu kelawan ngucap syahadat loro, sarto kelawan ngaweruhi ing maknane pisan, kerono ora sah mungguh madzhab sawiji opo islame wong kang wus ngucap syahadat loro khale ora weroh ing maknane pisan, milo pomo2 poro sedulur kito muslimin ayo di giataken olehe muruki maring anak2 kito lan tonggo2 kito ing dalem maknane syahadat loro, kerono pirang2 wong ngaku islam tapi durung weroh ing asale islam iyaiku syahadat loro sarto maknane.... 

Iki lafadze syahadat loro sarto maknane kelawan diterjemahaken cara jawa ingkang ringkes. iki rupane "Asyhadu anlaa ilaaha illALLAH wa Asyhadu anna muhammadarrosuluuLLAH"........ 

Nekseni ingsun lan neqodaken ingsun kelawan ati ingsun ing setuhune kelakuan iku oranono Dzat kang wajib den sembah kelawan Haq ing dalem wujude anging Allah, Allah kang wajib anane kang muhal oranonone kang wus agawe Allah ing pitung langit lan pitung bumi lan sa'isine pisan lan kang murbo meseso Allah ing makhluk kabeh. 

Lan malih nekseni ingsun lan neqodaken ingsun kelawan ati ingsun ing setuhune kanjeng Nabi Muhammad iku dadi utusane Allah lan dadi kawulane Allah, kanjeng Nabi Muhammad iku wong lanang wong merdeka wong arab anak putu adam. ramane kanjeng Nabi Muhammad iku keyahi Abdullah, ibune kanjeng Nabi Muhammad iku yahi Siti Aminah, kayahine kanjeng Nabi Muhammad kayahi Abdul Mutholib, buyute kanjeng Nabi Muhammad keyahi Hasyim, canggahe kanjeng Nabi Muhammad keyahi Abdul Manaf. den utus kanjeng Nabi Muhammad maring sekabehane menungso lan jin lan malaikat, kautus kanjeng Nabi Muhammad nekaaken ilmu Syar'iat, Thoriqot lan Hakikat iyaiku rukune islam lan iman lan ihsan. 

Ridho ingsun di pengerani pengeran Allah, ridho ingsun di gusteni gusti kito kanjeng Nabi Muhammad SAW. ridho ingsun di agamani agama islam agama kang luwih jejeg bener, ridho ingsun panutani panutan kitab Al-Qur'an.

Logo

Logo