Monday 20 July 2015

PENTING !!!

PERKARA PENTING UNTUK DIKETAHUI

( Matholib Sab’ah )

 

 

مهمة :

UTAWI IKI IKU ONO PERKORO KANG PENTING

 

اعلم أن دليل حدوث الأجرام يتوقف :

على إثبات زائد عليها وهو الأعراض، وعلى إثبات الملازمة بينها، وعلى إبطال حوادث لا اول لها

Ngertio siro hey wong mukallaf ing setuhune kang nuduhake ing anyare piro-piro jirim iku keliren opo dalil :

1.       Ingatase nemune si ‘aqil ing tetepe perkoro liyo tetep ingatase ajrom, utawi zaid iku piro-piro sifat kang owah-owah,

2.       lan keliren ingatase nemune si ‘aqil ing tetepe mulazamah ingdalem antarane ajrom lan a’rodl,

3.       lan keliren ingatase nemune si ‘aqil ing batale piro-piro barang kang anyar ora ono awale iku tetep kaduwe hawadits.

 

ودليل حدوث الأعراض يتوقف :

على إبطال قيام العرض بنفسه، وإبطال إنتقاله لغيره، وإبطال كمونه، وإبطال أن القديم ينعدم

Lan utawi dalile anyare piro-piro sifat kang owah-owah iku keliren opo dalil :

4.       Ingatase nemune si ‘aqil ing batale jumenenge sifat kang owah-owah kelawan deweke si ‘arodl,

5.       lan keliren ingatase nemune si ‘aqil ing batale pindahe si ‘arodl maring liyane dzate ‘arodl,

6.       lan keliren ingatase nemune si ‘aqil ing batale ngumpete ‘arodl,

7.       lan keliren ingatase nemune si ‘aqil ing batale setuhune barang kang qodim iku nerimo ‘adam opo qodim.

 

 

Utawi ikilah piro-piro perkoro iku den arani ing aran MATHOLIB SAB’AH, lan kelawan ngaweruhi ing iki piro-piro perkoro Insya Allah bakal selamet sopo mukallaf saking piro-piro lawange neroko jahannam kang pitu. Ashlaha Allahu liy walakum alhaala wa sya’na, Amiin

 

No comments:

Post a Comment

Logo

Logo