Jl. Urip Sumoharjo, Kradenan Gang 1, No. 207 Kota Pekalongan, Provinsi Jawa Tengah, Tlp. (0285) 420083, Nomor : AHU-0021864.AH.01.12. Tahun 2017
AHLUSSUNAH WAL JAMA'AH (ASY'ARIYYAH WAL MATURIDIYYAH)
MENGHIDUPKAN KEMBALI TRADISI NADZOR DALAM BERAKIDAH - - 'AQIDAH DIDAHULUKAN, SYARIAT DIUTAMAKAN - -
Wednesday, 11 November 2015
Sifat Wajib Qiyamuhu Ta'ala Binafsihi
Friday, 31 July 2015
Matholib Sab'ah
Monday, 20 July 2015
PENTING !!!
PERKARA PENTING UNTUK DIKETAHUI
( Matholib Sab’ah )
مهمة :
UTAWI IKI IKU ONO PERKORO KANG PENTING
اعلم أن دليل حدوث الأجرام يتوقف :
على إثبات زائد عليها وهو الأعراض، وعلى إثبات الملازمة بينها، وعلى إبطال حوادث لا اول لها
Ngertio siro hey wong mukallaf ing setuhune kang nuduhake ing anyare piro-piro jirim iku keliren opo dalil :
1. Ingatase nemune si ‘aqil ing tetepe perkoro liyo tetep ingatase ajrom, utawi zaid iku piro-piro sifat kang owah-owah,
2. lan keliren ingatase nemune si ‘aqil ing tetepe mulazamah ingdalem antarane ajrom lan a’rodl,
3. lan keliren ingatase nemune si ‘aqil ing batale piro-piro barang kang anyar ora ono awale iku tetep kaduwe hawadits.
ودليل حدوث الأعراض يتوقف :
على إبطال قيام العرض بنفسه، وإبطال إنتقاله لغيره، وإبطال كمونه، وإبطال أن القديم ينعدم
Lan utawi dalile anyare piro-piro sifat kang owah-owah iku keliren opo dalil :
4. Ingatase nemune si ‘aqil ing batale jumenenge sifat kang owah-owah kelawan deweke si ‘arodl,
5. lan keliren ingatase nemune si ‘aqil ing batale pindahe si ‘arodl maring liyane dzate ‘arodl,
6. lan keliren ingatase nemune si ‘aqil ing batale ngumpete ‘arodl,
7. lan keliren ingatase nemune si ‘aqil ing batale setuhune barang kang qodim iku nerimo ‘adam opo qodim.
Utawi ikilah piro-piro perkoro iku den arani ing aran MATHOLIB SAB’AH, lan kelawan ngaweruhi ing iki piro-piro perkoro Insya Allah bakal selamet sopo mukallaf saking piro-piro lawange neroko jahannam kang pitu. Ashlaha Allahu liy walakum alhaala wa sya’na, Amiin
Sunday, 19 July 2015
Matan Muqoddimah Fii 'Ilmi At-Tauhiid (Perkara-Perkara Maujud)
PERKARA-PERKARA MAUJUD
الموجودات بالنسبة الى المحل والمخصص اربعة اقسام :
Utawi piro-piro perkoro kang maujud kelawan den nisbatake maring dzat lan maring wong kang maujudake iku ono papat piro-piro pantan/dunduman :
قسم خلا عن المحل والمخصص وهو ذات مولانا جل وعز
1. Utawi kang sakduman iku kang sepi opo qismun tegese ora karep opo qismun andoh saking dzat liyo lan ora karep maring wong kang maujudake, utawi qismun iku dzate bendoro kito Allah kang Moho Agung sopo Allah lan Moho Mulyo sopo Allah.
وقسم مفتقر الى المحل والمخصص وهو الأعراض
2. Lan utawi kang sakduman maneh iku kang karep opo qismun maring dzat liyo lan karep maring wong kang maujudake, utawi qismun iku piro-piro sifat kang owah-owah tegese sifate jirim.
وقسم مفتقر الى المخصص دون المحل وهو الأجرام
3. Lan utawi kang sakduman maneh iku kang karep opo qismun maring wong kang maujudake ananging ora karep maring dzat liyo, utawi qismun iku piro-piro jirim.
وقسم موجود فى المحل ولايفتقر الى المخصص وهو صفاة مولانا جل وعز
4. Lan utawi kang sakduman maneh iku kang tetep opo qismun ono ing dzat lan ora karep opo qismun maring wong kang maujudake, utawi qismun iku piro-piro sifate bendoro kito Allah kang Moho Agung sopo Allah lan Moho Mulyo sopo Allah.
Saturday, 18 July 2015
SIFAT 20 : Ushulul Kufri
PANGKAL-PANGKAL KEKUFURAN
أصول الكفر والبدع سبعة :
Utawi piro-piro winihe tegese bibite kekufuran lan piro-piro bibite bid’ah iku ono pitu
الإيجاب الذاتي : وهو إسناد الكائنات الى الله تعالى على سبيل التعليل اوالطبع من غير اختيار
1. Ijab Dzatiy tegese majibaken kang bongso dzat : utawi kang aran ijab dzatiy iku nyendehake wujude piro-piro mumkin khos tegese ‘alam maring Allah Ta’ala ingatase dalan fi’il ta’lil utowo dalan fi’il thob’I saking tanpo irodahe Allah
والتحسين العقلي : وهو كون أفعال الله تعالى وأحكامه موقوفة عقلا على الأغراض، وهي جلب المصالح ودرء المفاسد
2. Tahsinul ‘Aqli tegese mbagusi kang bongso ‘aqal : utawi kang aran Tahsinul ‘Aqli iku neqodake onone piro-piro penggaweane Allah Ta’ala lan piro-piro hukume Allah Ta’ala iku keliren ingdalem mungguh ‘aqal ingatase piro-piro sejo tegese ngalap faidah, utawi aghrodl (ngalap faidah) iku narik piro-piro kemashlahatan lan nulak piro-piro kerusakan.
والتقليد الردئ : وهو متابعة الغير لأجل الحمية والتعصب من غير طلب للحق
3. Taqlid Rodi tegese taqlid kang olo : utawi Taqlid Rodi iku anut ing wong liyo kerono arahe angas lan tegese fanatik saking tanpo nyuprih maring perkoro kang haq
والربط العادي : وهو ثبوت التلازم بين أمر وأمر وجودا او عدما بواسطة التكرر
4. Robtul ‘Adiy tegese gegandengan kang bongso ‘adat : utawi Robtul ‘Adiy iku neqodake ing tetepe mulazamah ingdalem antarane amrun musabab lan amrun sabab iku wujud amrun musabab lan amrun sabab utowo iku ‘adam amrun musabab lan amrun sabab kelawan sabab wolan-walen bebarengan.
والجهل المركب : وهو ان يجهل الحق ويجهل جهله به
5. Jahlul Murokkab tegese bodho kang susun-susun : utawi Jahlul Murokkab iku yento bodho sopo wong ing barang kang haq lan yento bodho sopo wong ing bodhone deweke wong bodho ing barang kang haq.
والتمسك فى عقائد الإيمان بمجرد ظواهر الكتاب والسنة من غير تفصيل بين ما يستحيل ظاهره منها وما لايستحيل
6. Gondelan ingdalem mu’taqode iman kelawan mligi piro-piro dhohire Al-Qur’an lan Hadits saking tanpo merinci ingdalem antarane barang kang muhal opo dhohire ma saking dhowahiril kitab wa sunnah lan barang kang ora muhal opo dhohire ma.
والجهل بالقواعد العقلية التى هي العلم بوجوب الواجبات وجواز الجائزات واستحالة المستحيلات وباللسان العربي الذي هو علم اللغة والإعراب والبيان
7. Bodho kelawan piro-piro qo’idah kang bongso ‘aqal kang utawi al-qowa’idul ‘aqliyah iku ngerti ing wajibe piro-piro barang kang wajib, lan ing wenange piro-piro barang kang wenang, lan ing muhale piro-piro barang kang muhal, lan bodho kelawan bahasa arab kang utawi al-lisanul ‘arobi iku ilmu lughot lan ilmu I’rob lan ilmu bayan.
Logo