Saturday 18 July 2015

SIFAT 20 : Ushulul Kufri

PANGKAL-PANGKAL KEKUFURAN

 

أصول الكفر والبدع سبعة :

Utawi piro-piro winihe tegese bibite kekufuran lan piro-piro bibite bid’ah iku ono pitu

 

الإيجاب الذاتي : وهو إسناد الكائنات الى الله تعالى على سبيل التعليل اوالطبع من غير اختيار

1.       Ijab Dzatiy tegese majibaken kang bongso dzat : utawi kang aran ijab dzatiy iku nyendehake wujude piro-piro mumkin khos tegese ‘alam maring Allah Ta’ala ingatase dalan fi’il ta’lil utowo dalan fi’il thob’I saking tanpo irodahe Allah

 

والتحسين العقلي : وهو كون أفعال الله تعالى وأحكامه موقوفة عقلا على الأغراض، وهي جلب المصالح ودرء المفاسد

2.       Tahsinul ‘Aqli tegese mbagusi kang bongso ‘aqal : utawi kang aran Tahsinul ‘Aqli iku neqodake onone piro-piro penggaweane Allah Ta’ala lan piro-piro hukume Allah Ta’ala iku keliren ingdalem mungguh ‘aqal ingatase piro-piro sejo tegese ngalap faidah, utawi aghrodl (ngalap faidah) iku narik piro-piro kemashlahatan lan nulak piro-piro kerusakan.

 

والتقليد الردئ : وهو متابعة الغير لأجل الحمية والتعصب من غير طلب للحق

3.       Taqlid Rodi tegese taqlid kang olo : utawi Taqlid Rodi iku anut ing wong liyo kerono arahe angas lan tegese fanatik saking tanpo nyuprih maring perkoro kang haq

 

والربط العادي : وهو ثبوت التلازم بين أمر وأمر وجودا او عدما بواسطة التكرر

4.       Robtul ‘Adiy tegese gegandengan kang bongso ‘adat : utawi Robtul ‘Adiy iku neqodake ing tetepe mulazamah ingdalem antarane amrun musabab lan amrun sabab iku wujud amrun musabab lan amrun sabab utowo iku ‘adam amrun musabab lan amrun sabab kelawan sabab wolan-walen bebarengan.

 

والجهل المركب : وهو ان يجهل الحق ويجهل جهله به

5.       Jahlul Murokkab tegese bodho kang susun-susun : utawi Jahlul Murokkab iku yento bodho sopo wong ing barang kang haq lan yento bodho sopo wong ing bodhone deweke wong bodho ing barang kang haq.

 

والتمسك فى عقائد الإيمان بمجرد ظواهر الكتاب والسنة من غير تفصيل بين ما يستحيل ظاهره منها وما لايستحيل

6.       Gondelan ingdalem mu’taqode iman kelawan mligi piro-piro dhohire Al-Qur’an lan Hadits saking tanpo merinci ingdalem antarane barang kang muhal opo dhohire ma saking dhowahiril kitab wa sunnah lan barang kang ora muhal opo dhohire ma.

 

والجهل بالقواعد العقلية التى هي العلم بوجوب الواجبات وجواز الجائزات واستحالة المستحيلات وباللسان العربي الذي هو علم اللغة والإعراب والبيان

7.       Bodho kelawan piro-piro qo’idah kang bongso ‘aqal kang utawi al-qowa’idul ‘aqliyah iku ngerti ing wajibe piro-piro barang kang wajib, lan ing wenange piro-piro barang kang wenang, lan ing muhale piro-piro barang kang muhal, lan bodho kelawan bahasa arab kang utawi al-lisanul ‘arobi iku ilmu lughot lan ilmu I’rob lan ilmu bayan.

No comments:

Post a Comment

Logo

Logo