Saturday 18 July 2015

Matan Muqoddimah Fii 'Ilmi At-Tauhiid

PENGERTIAN HUKUM & PEMBAGIANNYA

 

اَلْحُكْمُ هُوَ إِثْباَتُ أَمْرٍ اَوْنَفْيُهُ

Utawi kang aran hukum mutlak iku nemune hakim ing tetepe amrun mahkum bih tetep ing amrun mahkum ‘alaih, utowo nemune hakim ing nafine amrun mahkum bih andoh saking amrun mahkum ‘alaih.

 

وَيَنْقَسِمُ اِلىَ ثَلاَثَةِ اَقْسَامٍ : شَرْعِيٍّ وَعَادِيٍّ وَعَقْلِيٍّ

Lan kebagi opo hukum maring telu piro2 pantan/dunduman : sawiji hukum kang bongso syara’, lan kapindo hukum kang bongso ‘adat, lan kaping telu hukum kang bongso ‘aqal.

 

1.         Hukum Syar’i

فَالشَّرْعِيُّ : خِطَابُ اللهِ تَعاَلَى اْلمُتَعَلِّقُ بِأَفْعَالِ اْلمُكَلَّفِيْنَ بِالطَّلَبِ أَوِاْلإِباَحَةِ أَوِاْلوَضْعِ لَهُمَا

Mongko utawi pelanggerane kang aran hukum kang bongso syara’ iku mukhotobihe Allah Ta’ala kang tuduh-tuduh opo khitobullah kelawan piro-piro penggaweane piro-piro wong mukallaf kabeh kelawan nyuprih utowo ngewenangake utowo khitobullah kang tuduh-tuduh onone syai’ iku dadi sabab syarat mani’ wadlo’ kang den gandengake marang tholab lan ibahah.

 

وَيَدْخُلُ فىِ الطَّلَبِ اَرْبَعَةٌ : اْلإِيْجاَبُ وَالنَّدْبُ وَالتَّحْرِيْمُ وَالْكَرَاهَةُ

Lan manjing ingdalem kalam tholab opo hukum kang papat : sawiji hukum ijab tegese majibake Allah maring mukallaf, lan kapindo hukum nadbun tegese nyunahake Allah maring mukallaf, lan kaping telu hukum tahrim tegese ngaramake Allah maring mukallaf, lan kaping papat hukum karohah tegese makruhake Allah maring mukallaf.

 

فَاْلإِيْجاَبُ : طَلَبُ اْلفِعْلِ طَلَباً جَازِماً كَاْلإِيْماَنِ بِاللهِ تَعَالىَ وَبِرُسُلِهِ عَلَيْهِمُ الصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ وَكَقَوَاعِدِ اْلإِسلاَمِ الْخَمسِ

Mongko utawi kang aran hukum ijab : iku kalame Allah kang tuduh-tuduh nyuprih agawe kelawan suprihan kang pasti, sorahe koyo kalame Allah kang tuduh-tuduh nyuprih ngimanake ing Allah Ta’ala lan ing piro-piro utusane Allah iku mugi-mugi tetep ingatase poro rosul kabeh utawi tambahe rohmat ta’dzim lan tambahe keslametan, lan koyo kalame Allah kang tuduh-tuduh nyuprih ing piro-piro rukune Islam kang limo.

 

وَالنَّدْبُ : وَهُوَ طَلَبُ اْلفِعْلِ طَلَباً غَيْرَ جَازِمٍ كَصَلاَةِ اْلفَجْرِ وَنَحْوِهَا

Lan utawi kang aran hukum nadb : iku utawi kang aran hukum nadb iku kalame Allah kang tuduh-tuduh nyuprih agawe kelawan suprihan kang ora pasti, sorahe koyo kalame Allah kang tuduh-tuduh nyuprih ing sholat qobliyah shubuh lan sepadane sholat qobliyah shubuh.

 

وَالتَّحْرِيْمُ : وَهُوَ طَلَبُ الْكَفِّ عَنِ اْلفِعْلِ طَلَباً جَازِماً كَشُرْبِ الْخَمْرِ وَالزِّناَ وَنَحْوِهِمَا

Lan utawi kang aran hukum tahrim : iku utawi kang aran hukum tahrim iku kalame Allah kang tuduh-tuduh nyuprih nyegah saking agawe suwiji-wiji kelawan suprihan kang pasti, sorahe koyo kalame Allah kang tuduh-tuduh nyuprih nyegah ngombe khomer lan nyuprih nyegah zina, lan sepadane ngombe khomer lan zina.

 

وَاْلكَرَاهَةُ : وَهُوَ طَلَبُ الْكَفِّ عَنِ اْلفِعْلِ طَلَباً غَيْرَ جَازِمٍ كَقِرَاءَةِ اْلقُرْآنِ فىِ الرُّكُوْعِ وَالسُّجُوْدِ مَثَلاً

Lan utawi kang aran hukum Karohah : iku utawi kang aran hukum Karohah iku kalame Allah kang tuduh-tuduh nyuprih nyegah saking agawe suwiji-wiji kelawan suprihan kang ora pasti, sorahe koyo kalame Allah kang tuduh-tuduh nyuprih nyegah moco Al-Qur’an ingdalem rukuk lan ingdalem sujud, kelawan umpamane.

 

وَأَمَّا اْلإِباَحَةُ : فَهِيَ إِذْنُ الشَّرْعِ فىِ الْفِعْلِ وَالتَّرْكِ مَعاً مِنْ غَيْرِ تَرْجِيْحٍ لأَِحَدِهِمَا عَلَى اْلآخَرِ كَالنِّكَاحِ وَالْبَيْعِ وَنَحْوِهِمَا

Lan anapun utawi kang aran hukum ibahah : iku mongko utawi kang aran hukum ibahah iku ngewenangake Shohibus Syar’i tegese Allah lan rosule ingdalem agawe suwiji-wiji lan tinggal agawe suwiji-wiji hale bareng saking tanpo ngonjoaken maring salah suwijine fi’lun lan tarkun ingatase wenehe, sorahe koyo amrih milih nikah lan dodolan, lan sepadane nikah lan dodolan.

 

وأما الوضع فهو عبارة عن نصب الشارع أمارة على حكم من تلك الأحكام الخمسة وهي السبب والشرط والمانع

Lan anapun utawi kang aran khithob wadl’i : iku mongko utawi kang aran khithob wadl’i iku jejuluk saking kalame Allah kang tuduh-tuduh anjenengakene si syari’ ing dadi tetenger ingatase siji hukum saking mengkono-mengkono piro-piro hukum kang limo wernone (ijab, nadab, tahrim, karohah lan ibahah), utawi amaroh iku aran sabab, lan syarat, lan mani’.

 

فالسبب ما يلزم من وجوده الوجود ومن عدمه العدم لذاته كزوال الشمس لوجودالظهر

Mongko utawi kang aran sabab mungguh syara’ iku barang kang tetep saking wujude ma sabab opo wujude musabab lan tetep saking ‘adame ma sabab opo ‘adame musabab tegese min ghoiri taqyid kerono ningali maring batire ma sabab, sorahe sabab koyo lingsire serngenge kaduwe wujude wajibe sholat dluhur.

 

والشرط ما يلزم من عدمه العدم ولا يلزم من وجوده وجود ولا عدم لذاته كتمام الحول لوجوب الزكاة

Lan utawi kang aran syarat mungguh syara’ iku barang kang tetep saking ‘adame ma syarat opo ‘adame masyrut tegese min ghoiri taqyid lan ora tetep saking wujude ma syarat opo wujude masyrut lan ora tetep opo ‘adame masyrut kerono ningali maring batire ma syarat, sorahe syarat koyo sempurnone tepung tahun kaduwe wujude wajibe zakat.

 

والمانع ما يلزم من وجوده العدم ولايلزم من عدمه وجود ولاعدم لذاته كالحيض لوجوب الصلاة

Lan utawi kang aran mani’ mungguh syara’ iku barang kang tetep saking wujude mani’ opo ‘adame mamnu’ lan ora tetep saking ‘adame mamnu’ opo wujude mamnu’ lan ora tetep opo ‘adame mamnu’ kerono ningali maring batire mani’, sorahe mani’ koyo wujude haidl kaduwe wajibe sholat.

 

2.         Hukum ‘Adiy

 

أما الحكم العادي فهو إثبات الربط بين أمر وأمر وجودا او عدما بواسطة تكرر القران مع صحة التخلف وعدم تأثير أحدهما فى الآخر البتة

Anapun utawi pelanggerane kang aran hukum kang bongso ‘adat iku mongko utawi pelanggerane hukum kang bongso ‘adat iku nemune hakim ing tetepe gandengan ingdalem antarane amrun musabab lan amrun sabab iku wujude amrun sabab utowo ‘adame amrun sabab kelawan lantaran wolan-walene bebarengan sartane sahe persulayan lan ora onone ngelabeti salah suwijine wujude amrun sabab lan ‘adame amrun sabab ingdalem kang wenehe babar pisan.

 

وأقسامه أربعة : ربط وجود بوجود كربط وجود الشبع بوجود الأكل، وربط عدم بعدم كربط عدم الشبع بعدم الأكل، وربط وجود بعدم كربط وجود الجوع بعدم الأكل، وربط عدم بوجود كربط عدم الجوع بوجود الأكل

Utawi piro-piro dundumane hukum ‘adiy iku ono papat :

1)      Gandengane wujude musabab kelawan wujude sabab, sorahe koyo Gandengane wujude musabab kang yaiku wareg kelawan wujude sabab kang yaiku mangan.

2)      Gandengane ‘adame musabab kelawan ‘adame sabab, sorahe koyo Gandengane ‘adame musabab kang yaiku ora onone wareg kelawan ‘adame sabab kang yaiku ora onone mangan.

3)      Gandengane wujude musabab kelawan ‘adame sabab, sorahe koyo Gandengane wujude musabab kang yaiku ngelih kelawan ‘adame sabab kang yaiku ora onone mangan.

4)      Gandengane ‘adame musabab kelawan wujude sabab, sorahe koyo Gandengane ‘adame musabab kang yaiku ora onone ngelih kelawan wujude sabab kang yaiku mangan.

 

3.         Hukum ‘Aqliy

وأما الحكم العقلي فهو إثبات أمر اونفيه من غير توقف على تكرر ولاوضع واضع

Lan anapun utawi pelanggerane kang aran hukum kang bongso ‘aqal iku mongko utawi pelanggerane hukum kang bongso ‘aqal iku nemune hakim ing tetepe amrun mahkum bih tetep ing amrun mahkum ‘alaih utowo nemune hakim ing nafine amrun mahkum bih andoh saking amrun mahkum ‘alaih saking ora keliren ingatase wolan-walen lan ora keliren ingatase kalame Allah kang tuduh-tuduh ing onone syai’ iku dadi sabab syarat mani’.

 

واقسامه ثلاثة : الوجوب والإستحالة والجواز

Utawi piro-piro dundumane sifate muta’allaqe hukum kang bongso ‘aqal iku ono telu :

1)      Wujub tegese ora nerimo nafi babar pisan

2)      Istihalah tegese ora nerimo tetep

3)      Jawaz tegese nerimo tetep lan nerimo nafi ingatase dalan genta-genti.

 

فالواجب ما لايتصور فى العقل عدمه إما ضرورة كالتحيز للجرم وإما نظرا كوجوب القدم لمولانا جل وعز

Mongko utawi pelanggerane kang aran wajib ‘aqli iku barang kang ora tinemu mungguh ujare si ‘aqal opo nafine si ma, ono kolone wajib ‘aqli dloruri sorahe koyo wajibe ngalap enggon kaduwe jirim, lan ono kolone wajib ‘aqli nadzori sorahe koyo wajibe sifat qidam ingdalem Dzate bendoro kito Allah kang Moho Agung sopo Allah lan Moho Mulyo sopo Allah.

 

والمستحيل ما لايتصور فى العقل وجوده إما ضرورة كتعرى الجرم عن الحركة والسكون وإما نظرا كالشريك لمولانا جل وعز

Lan utawi pelanggerane kang aran mustahil ‘aqli iku barang kang ora tinemu mungguh ujare si ‘aqal opo tetepe si ma, ono kolone mustahil ‘aqli dloruri sorahe koyo sepine jirim andoh saking obah lan meneng, lan ono kolone mustahil ‘aqli nadzori sorahe koyo muhale wujude wong kang nyekutuni maring Dzate bendoro kito Allah kang Moho Agung sopo Allah lan Moho Mulyo sopo Allah.

 

والجائز ما يصح فى العقل وجوده وعدمه إما ضرورة كالحركة لنا وإما نظرا كتعذيب المطيع وإثابة العاصي

Lan utawi pelanggerane kang aran jaiz ‘aqli iku barang kang sah mungguh ujare si ‘aqal opo tetepe ma lan nafine ma, ono kolone jaiz ‘aqli dloruri sorahe koyo obah kaduwe kito, lan ono kolone mustahil ‘aqli nadzori sorahe koyo wenange olehe niksone Allah ing wong kang tho’at lan koyo wenange olehe ngganjare Allah ing wong kang ma’shiat.

 

 

 

 

No comments:

Post a Comment

Logo

Logo