Saturday 26 May 2018

KITAB TIJAN DARORI FII SYARHI RISAALATI AL-BAJURIY

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الْمُنَزَّهِ عَنْ سِمَاتِ الْحُدُوْثِ وَالْاَلْوَانِ وَالْكَيْفِيَّاتِ.

وَاَشْهَدُ اَنْ لَآاِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ الْغَنِيُّ عَنْ كُلِّ مَا سِوَاهُ وَالْمُفْتَقِرُ اِلَيْهِ كُلُّ شَيْئٍ فِي سَائِرِ الْاَوْقَاتِ.

وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا سَيِّدُ الْمَخْلُوْقَاتِ.

Bismillahirrohmaanirrohiim, Utawi sekabehane pengalem bagus kang patang perkoro iku kagungane Allah kang bersih saking tondo-tondone sifat anyar lan piro-piro werno lan piro-piro pertikel (coro). Nekseni ingsun lan neqodaken ingsun kelawan ati ingsun ing setuhune kelakuhan iku ora nono dzat kang wajib den sembah kelawan haq ingdalem wujude anging Allah kang sugih (ora butuh) saking sekabehane barang kang saliyane Allah, lan sekabehane barang kang saliyane Allah iku wajib butuh maring Allah ingdalem sekabehane piro-piro wektu. Lan malih, nekseni ingsun lan neqodaken ingsun kelawan ati ingsun ing setuhune bendoro kito kanjeng Nabi Muhammad SAW iku dadi bendorone sekabehane makhluk.

 

وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى رَسُوْلِ اللّٰهِ صَاحِبِ الْحَوْضِ وَالشَّفَاعَاتِ.

وَعَلَى اٰلِهِ الْمُفَضَّلِيْنَ عَلَى سَائِرِ الْاُمَمِ.

وَاَصْحَابِهِ الْفَائِزِيْنَ بِاَنْوَاعِ الْخَيْرَاتِ وَالنِّعَمِ.

Shalawat lan salam iku tetep ingatase utusane Allah (Nabi Muhammad SAW) kang nduweni telogo lan piro-piro syafa’at, lan mugi-mugi lumeber maring poro sentonone kang den utomoake ngungkuli sekabehane poro ummat, lan maring poro shohabate kang podo bejo kanthi merkoleh werno-wernone kebagusan lan kenikmatan.

 

اَمَّا بَعْدُ : فَهٰذَا شَرْحٌ عَلَى رِسَالَةِ الْعَلَّامَةِ الْبَاجُوْرِيِّ فِي التَّوْحِيْدِ.

سَمَّيْتُهُ تِيْجَانَ الدَّرَارِيِّ فِي شَرْحِ رِسَالَةِ الْبَاجُوْرِيِّ.

وَقَدْ سُئِلْتُ فَاَنَا اَشْرَعُ رَاجِيًا اَلْاِنْتِفَاعَ بِهِ وَعَوْدَ الْبَرَكَةِ مِنْ ذٰلِكَ الشَّيْخِ لِيْ وَلِكُلِّ قَارِئٍ وَسَامِعٍ وَمُطَالِعٍ.

Anapun ingdalem sakwuse moco basmalah, hamdalah, sholawat lan salam ‘ala rosulillah, mongko utawi iki iku syarah ingatase risalahe wong kang banget ‘alime yaiku Syaikh Ibrahim Al-Bajuri ingdalem ilmu Tauhid, kang ngarani ingsun (Syaikh Nawawi Al-Bantaniy) ing Syarah ing aran “TIJAN DARORI FII SYARHI RISAALATI AL-BAJURIY”, lan temen-temen den suwuni ingsun mongko tumandang ingsun hale ngarep-ngarep ngalap manfaat kelawan syarah lan baline barokah saking mengkono-mengkono Syaikh Bajuri maring ingsun lan maring saben-saben wong kang moco, wong kang ngerungu lan wong kang ningali.

 

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ فَاسْمُ الْجَلَالَةِ دَلَّ عَلَي الذَّاتِ الْجَامِعَةِ لِصِفَاتِ الْاِلٰهِيَّةِ كُلِّهَا.

وَالرَّحْمٰنُ هُوَ كَثِيْرُ الرَّحْمَةِ لِعِبَادِهِ بِالسَّتْرِ فِى الدُّنْيَا.

وَالرَّحِيْمُ هُوَ كَثِيْرُ الرَّحْمَةِ لَهُمْ بِالْغُفْرَانِ فِي الْعُقْبٰي.

فَلِلْعَبْدِ اَنْ يُلَاحِظَ مِنَ اللّٰهِ قُدْرَتَهُ وَمِنَ الرَّحْمَةِ نِعْمَتَهُ وَمِنَ الرَّحِيْمِ عِصْمَتَهُ مِنَ الذُّنُوْبِ وَمَغْفِرَتَهُ.

Ngawiti ingsun ing nyarahi risalah hale nyuwun pitulung lan ngalap barokah maring dzat kang wajib wujude kang den arani Allah kang paring nikmat ageng-ageng lan paring nikmat alit-alit. Mongko utawi ismul Jalaalah (Aran Allah) iku nuduhake ingatase Dzat kang ngumpulake maring sekabehane sifat uluhiyyah, utawi Ar-Rahman iku akehe rohmat maring piro-piro kawulane kelawan nutupi celo-celone ingdalem dunyo, lan utawi Ar-Rohim iku akehe rohmat maring piro-piro kawulane kelawan ngapuro duso-dusone ingdalem akhirat. Mongko iku kaduwe kawulo yento merhatikno ing sifat qudrote Allah, lan ing nikmate Allah saking sifat Ar-Rohman, lan ing pengereksone lan pengapurone Allah saking sifat Ar-Rohim.

 

No comments:

Post a Comment

Logo

Logo